11 May 2014

Kumpulan Status Lucu ........ (seri-Mbanyumasan)

Neng terminal Tegal, ana ibu2 nganter anak lanange numpak bis jurusan tegal-pwt. si ibu nitip maring kernete "mas, nitip anaku nek butul bumiayu gugahna ya" bise mangkat sepanjang jalan bocahe cerewet bin gujih takon terus maring kenete"pak, wis butul durung bumiayu?" Sedela2 takon maning takon terus nganti wong se bis pd ruwing kesuh karo bocahe, akhire domongi neng kenete " geh, pokoke ko turu bae mengko nek neng bumiayu tek gugah" akhire bocahe manut meneng trus turu. Penumpang karo kenete ya melu turu, jebule bise bablas wis butul ajibarang kenete tangi.

Rumangsa salah karo bocahe, kenete duwe inisiatip takon karo penumpang "bapak2 ibu2 sedoyo, mau aku wis janji arep gugah bocah kiye nek wis butul bumiayu siki wis kelewat neng ajibarang, primen nek muter balik maning melasi mbok" para penumpang sing rumangsa salah tur melas ahire setuju. bise muter maning, begitu tekan bumiayu digugah bocahe "dik, kiye wis neng bumiayu" langsung bocahe tangi, jenggelek bukak tas kresek jukut bungkusan rames terus mangan mrewel banget. kenete takon "wis neng bumiayu kiye, deneng ora mudun?" bocahe jawab "aku arep ming purwokerto koh pak, mau mamake aku pesen nek wis butul bumiayu aku nembe olih mangan ramese kiye mulane kon digugah

Terjemahan bahasa bebas : di terminal Tegal, ada ibu2 mengantar anak lelakinya naik bis jurusan Tegal-Pwt. Si ibu nitip kepada kernet : “mas, nitip anak saya ya, nti klo nyampe Bumiayu tolong dibangunin ya?” (takut ketiduran). Setelah bis berangkat, sepanjang jalan anak tsb cerewet tanya terus kepada kernetnya : “pak, sudah nyampe Bumiayu belum?” sebentar2 tanya terus hingga penumpang yg lain pada ribut marah dengan anak tsb, yg akhirnya diberitahu oleh kernet : “nih, pokoknya kamu tidur aja, nti klo sampe Bumiayu saya bangunin” dan akhirnya anak tersebut nurut kemudian tidur.

Ternyata penumpang lain dan kernet juga ikut tidur sehingga kebablasan nyampe Ajibarang. Kernet bangun dan karena merasa bersalah, kernet punya inisiatif tanya kepada penumpang yang lain : “bapak ibu semua, tadi saya sudah janji sama anak untuk membangunkannya ini klo sudah nyampe Bumiayu tapi sekarang sudah kelewat sampai Ajibarang, bagaimana klo kita mutar balik aja? Kasihan anak ini kan?” Dan para penumpangpun merasa kasihan dan setuju. Kemudian bis berputar balik dan ketika sudah nyampe Bumiayu, maka anak tsb dibangunkan oleh si kernet : “ dik, ini sudah nyampe Bumiayu!” dan si anak pun langsung bangun seketika itu langsung membuka tas kresek isi bungkusan nasi rames kemudian langsung makan dengan lahapnya. Si kernet heran dan bertanya: “ini kan sudah nyampe Bumiayu, kok kamu gak turun?” si anak menjawab : “saya kan mau ke Purwokerto, td ibu pesan klo sudah sampai Bumiayu saya baru boleh makan nasi rames saya, makanya minta dibangunin”

================================================================================

Dalam pesawat Maskapai Banyumas Airlines, ketika akan berangkat Pramugarinya memberikan pengumuman kepada para penumpangnya seperti ini:

Dulur dulur penumpang,
sedela maning... motor mabur arep mangkat.
Sedurunge inyong karo pramugari liyane arep nidokna carane ngadepi kahanan
darurat.

Klambi plembungan ana nang dlesepan ngisor korsi,
dinggo nek montor mabur mandek nang nduwur banyu.
Carane: njikot klambi seka dlesepan terus dinggo,
tarik taline ben klambine mlembung. Pipa karet di dam ben lampune kelap kelip
dadi bisa dideleng seka kadohan.
Klambi kuwe aja dicolong atawa digawa balik, nek konangan bisa ditempiling.

Montor mabur kiye duwe nem lawang, loro nang ngarep, loro nang cewiwi
terus loro maning nang buritan.
Nek pesawat kurang hawa nggo ambekan,
mengko metu dewek masker oksigen sekang nduwur.
Nek masker mecotot, gageyan dinggo, ambekan kaya biasane,
aja ngos-ngosan, marakna liyane pada wedi.

Semono bae ular-ular seka inyong,
nek arep maca majalah apa koran,
kuwe ana nang dlesepan kursi ngarepe rika kabeh.
Nek arep nguyuh, kakuse nang mburi.
Aja nguyuh mbari udud nek konangan ditempiling.
Aja nguyuh ning kakus ngarep, kae kakuse wong sugih.

Wis lah, cangkeme kesel,
moga moga slamet waras bisa mudun maning.
Kaya kuwe kesuwun.

PS : sapa bae sing ora gelem ngerukna.. hukumane..
Tak culek mripate !!!

==============================================================================

Wis ana sewulan KEMPLU karo bendarane nang Amrik, bareng weruh ana Restoran " 'Masakan Indonesia", wong sekloron mlebu trus njagong adep2an.
Pelayane ROBOT nyedeki karo takon
ROBOT : what is your nationality...??
KEMPLU : Indonesia

SECARA OTOMATIS ROBOT MERESET BAHASANYA.

ROBOT : selamat datang, apa bahasa suku anda
KEMPLU : banyumas, jawa tengah
ROBOT : sugeng siang, rika arep pesen apa
KEMPLU : ana pecel, mendoan, dage karo wedang clebek apa ora
ROBOT : ana, garep pesen pirang porsi
KEMPLU : rong porsi baen
ROBOT : porsi gede apa porsi cilik
KEMPLU : porsi gede
ROBOT : lomboke pira
KEMPLU : sing siji lomboke 2, sijine lomboke 5
ROBOT : lombok cengis apa abang
KEMPLU : lombok cengis kena abang kena
ROBOT : nganggo kangkung
KEMPLU : ya
ROBOT : nganggo timun
KEMPLU : ya
ROBOT : nanggo kol
KEMPLU : ya
ROBOT : kol lokal apa sekang wonosobo
KEMPLU : sekarepmu.!!! ( KEMPLU mulai kesuh )
ROBOT : kacange diulek apa di blender
KEMPLU : diuleg.. goblog.!!! Karo menteleng
ROBOT : nganggo brambang goreng apa ora
KEMPLU : nganggo. Asu.!! (KEMPLU nggentak seru pisan)
ROBOT: nganggo piring apa dipincuk
KEMPLU : nganggo piring.!!
ROBOT: mendoan karo dage digoreng nganggo margarin apa lenga klentik
KEMPLU : nganggo jlantah.. Wedhus.!! (KEMPLU nggebrak meja, jengkel banget wis 10 menit kok mung ditakoni baen)

Robot meneng lampu matane kerlob2 byar pet kayane lagi mroses pesenane sendur, kira2 rong menitan robote moni maning

ROBOT : kesuwun banget, pesenane rika wis tek tampa, tapi ngapura ya pesenane ora bisa disuguhna
KEMPLU : kenang apa sih, nyong wis kencot banget setengah jam mung tanya jawab tok
ROBOT : anu, asu karo wedhus sing goblok digoleti ora ketemu neng meta data, eh malah cempuleke wis nang ngarepe nyong
KEMPLU : munyuk temenan kowe bisa2 nyong dadi kenthir, mayuh bendarane madang nang restoran liyane baen

No comments: